Jumat, 09 Desember 2011

Gitu Saja Kok Repot

Reff :

Membela Minoritas – Menjunjung Toleransi
Gitu saja koq repot – Gitu saja koq repot
Menjadi Muslimin – Menjadi Indonesia
Gitu saja koq repot – Gitu saja koq repot

Hanya orang bijaksana
Yang berani berkata
Bahwa Tuhan tidak perlu dibela
Karena dia yang maha kuasa

Jihadmu lebih akbar dari bom bunuh diri
Karena kau adalah humanis sejati
Menyapa kawan, menyambagi lawan,
Silaturrahmi, tanpa pandang golongan

Islam rahmatal lil alamin bagimu
Adalah welas asih tanpa pandang bulu
Tak gentar, pasang badan, tanpa ragu
Telah kau berikan jiwa ragamu guru bangsaku

Reff :

Kalau aku jadi orang toleran,
karena ayahku yang menjadi panutan
Kalau aku jadi orang rendah hati,
karena ayahku yang menginspirasi,

Dulu kau sering dilecehkan
Presiden koq tidak bisa berjalan
Dari kursi roda kau tuntun bangsa
Menuju demokrasi sesungguhnya

Dulu kau dihina
Jadi presiden kok buta
Sebenarnya kau telah ajari kita
Untuk melihat manusia seutuhnya

Reff :

Di malam yang sunyi
Gus Dur menyanyikan tombo ati
Dzikir seluruh malaikat mengiringi
Gus Dur hanya pulang bukan pergi
Bulan bundar di atas senayan
Semar terbang di Kahyangan
Bercelana pendek dan guyonan
Menendang bola di taman Tuhan
Welas asih telah kau sebarkan
Menjadi api yang tak akan padam
Semoga kami bisa mengamalkan
Kemanusiaan yang telah kau ajarkan

Reff :

Senin, 05 Desember 2011

Jogja Istimewa

Holopis kuntul baris holopis kuntul baris

Reff:
Jogja Jogja tetap istimewa
Istimewa negerinya istimewa orangnya
Jogja Jogja tetap istimewa
Jogja istimewa untuk Indonesia

Rungokno iki GATRA seko Ngayogyakarta
Negeri paling penak rasane koyo swargo
ora peduli dunyo dadi neroko
Ning kene tansah edi peni lan mardiko

Tanah lahirkan tahta, TAHTA UNTUK RAKYAT
Di mana rajanya bersemi di Kalbu rakyat
Demikianlah singgasana bermartabat
Berdiri kokoh untuk mengayomi rakyat

Memayu hayuning bawono
Seko jaman perjuangan nganti merdeko
Jogja istimewa bukan hanya daerahnya
Tapi juga karena orang-orangnya

Reff:
Jogja Jogja tetap istimewa
Istimewa negerinya istimewa orangnya
Jogja Jogja tetap istimewa
Jogja istimewa untuk Indonesia


Tambur wis ditabuh, suling wis muni
Holopis kuntul baris ayo dadi siji
Bareng poro prajurit lan senopati
MUKTI utowo mati manunggal kawulo gusti

Menyerang tanpa pasukan
Menang tanpa merendahkan
Kesaktian tanpa ajian
Kekayaan tanpa kemewahan

Tenang bagai ombak gemuruh laksana merapi
Tradisi hidup di tengah modernisasi
Rakyatnya njajah deso milang kori
Nyebarake seni lan budhi pekerti

Reff:
Jogja Jogja tetap istimewa
Istimewa negerinya istimewa orangnya
Jogja Jogja tetap istimewa
Jogja istimewa untuk Indonesia

Elingo kabare Sri Sultan Hamengku Buwono Kaping IX
Sakduwur-duwure sinau kudune dhewe tetep wong jowo
Diumpamake kacang kang ora ninggalke lanjaran
marang bumi sing nglairake dewe tansah kelingan

Ing ngarso sung tulodo
Ing madya mangun karso
Tut wuri handayani
Holopis kuntul baris ayo dadi siji

Sepi ing pamrih rame ing nggawe
Sejarah ning kene wis mbuktikake
Jogja istimewa bukan hanya tuk dirinya
Jogja istimewa untuk Indonesia

Reff:
Jogja Jogja tetap istimewa
Istimewa negerinya istimewa orangnya
Jogja Jogja tetap istimewa
Jogja istimewa untuk Indonesia

Sabtu, 03 Desember 2011

cicak nguntal boyo


ana cicak nguntal boyo
boyo coklat nyekel godo
ojo seneng nguntal negoro
mundak rakyatmu dadi sengsoro
ini cerita negeri bedebah
pemimpinya hidup mewah
tapi rakyatnya makan susah
hasil dari mengais sampah
di negeri para bedebah
yang baik dan bersih bisa salah
kebohongan itu lumrah
rakyat kecil hanya bisa pasrah
bubrah! Parah!
Bubrah! Parah! Bubrah!
Ana cicak nguntal boyo
boyo coklat nyekel godo
ojo seneng nguntal negoro
mundak rakyatmu dadi sengsoro
rakyat mencari pimpinan
ketemunya juragan
rakyat mencari imam, ya imam
ketemunya tuan
maka jangan-lah jangan heran
jika ada mafia di peradilan
jual beli pasal dan hukuman
yang kuat bayar pasti menang
katanya jaman sudah reformasi
tapi hukum masih bisa dibeli
jadi barang dagangan, obyek korupsi
nggak punya malu dan harga diri
kalian kira selamanya rakyat kita bodoh
jika rakyat marah tirani pasti akan roboh!
Ana cicak nguntal boyo
boyo coklat nyekel godo
ojo seneng nguntal negoro
mundak rakyatmu dadi sengsoro
bibit itu tunas
candra itu sinar
yang menjadi simbol
tegaknya keadilan
langkah kecil telah dimulai
dari bayi bernama demokrasi
keadilan tak bisa ditawar lagi
kepastian hukum adalah harga mati
mungkin kita capek revolusi
mungkin kita bosan demonstrasi
tapi jangan pernah berhenti
paling tidak tunjukan rasa peduli
untuk indonesia yang kita cintai
ana cicak nguntal boyo
boyo coklat nyekel godo
ojo seneng nguntal negoro
mundak rakyatmu dadi sengsoro

jula juli lolipop

reff:
ngemut permen, permen lolipop
bunder tur gepeng rasane legi
kepengen mbeken pengen dadi ngetop
karyane laris tur senine mati 2x


jaman saiki kabeh do blereng matane
podo nuruti pasar apa pesenan
ngeple wis dadi caraku golek pangan e
seni ra penting sing panting entuk duit e

inspirasine wis ilang dipendhem mati

rasa solidaritas e wis podo lali
karya seni kontemporer jaman saiki
mung koyo emutan ning ilat krasa legi

sing dibojo nilai rupiah lan dolar e

golek cara ben payu laris dagangan e
karya senine lali nggambarke rakyat e
rakyat sing urip sengsara apes nasib e


ngemut permen, permen lolipop
bunder tur gepeng rasane legi
kepengen mbeken pengen dadi ngetop
karyane laris tur senine mati 2x


ana kancaku sing kepengen dadi artis
pancen dasar bocah e senengane narsis
banjur tingkah polah e mung sing manis-manis
malah koyo permen rasane kringis-kringis

nek tak pikir-pikir kok koyo tukang kayu

mung waton ngemali apa-apa sing payu
seni saiki nurut i pasar mlaku
dadi bakulan asal tau sama tau

saya suwe dodolan e kok saya payu

tambah sugih wong e urip e tambah maju
omah e dadi gedhong dicet werna biru
gedhe magrong-magrong kamar e ana pitu

ngemut permen, permen lolipop
bunder tur gepeng rasane legi
kepengen mbeken pengen dadi ngetop
karyane laris tur senine mati 2x


jaman mbiyen iseh ngonthel numpak pit onta
saiki wis numpak mobil gedhe tur dawa
tuku apa-apa ra perlu ndelok rega
padahal ndisek sering njaluk aku sega

jaman semana iseh ramah karo aku

kok saiki sikap e malih dadi kaku
ganti hape nganggo hape tipe terbaru
seneng mung gogok ro mlaku-mlaku

omah e ra mek diparani bos kagol

takon apa ana karya sing siap didol
karya seni koyo dagangan jenang dodol
seni kok saya mawut wis modhol-modhol


ngemut permen, permen lolipop
bunder tur gepeng rasane legi
kepengen mbeken pengen dadi ngetop
karyane laris tur senine mati 4x

kulonuwun


nderek langkung nuwun sewu njaluk donga lan restu
ji ro lu aq tak nyoba melu mlebu
nak ora entuk mengko tak gajul matamu
prek su..!! coba rungokno opo sing tak kadakno
nak ora seneng kono kowe ndo minggato
aku ra ngurus kowe arep ngomong opo
rasah ndo kemlinthi aku ra wedhi
nak perlu kowe engko tak antemi
njarene wis ra sudi kok isih  ndo ngrasani
konco konco sing arep ndo mulai ,gagi
arep mbok arani aku wagu yo karepmu kui hak mu
masamu nyothe apik ndewe ngono po su...!!
projopati ra tau wedhi ngadepi sesumbarmu
sing sajak nggegirisi
opo ndo ra ngerti yen ning kene ono mc
sing ratau mati nggulo mentah hiphop tekan saiki
iki gatra sing ongko siji
seko aku rasah ndo meri
melu rotra kabeh ra bakal rugi
aku ra ngapusi ayo dadi siji ngadepi musuh musuh sing koyo kemaki
mugi gusti ngapurani kawulo alit sing kebhak ndosa iki
yo ki ageng Gantas gek ndang dibrantas wis soyo panas
sumonggo kerso diphun babat tuntas

kulonuwun kulo badhe nglantun angking tembang seking lebething manah
sampun kakean polah monggo sami jumangkah sami nyelak mboten pareng ribut
mangke ndak ndawah,,,sumonggo sami mireng nanging kedhah ing antheng
Lho kok antheng,,mpun monggo sami njumeneng sumonggo sareng sareng kalian kulo lan sedhoyo
ingkang sami sawek pesto wonten ndinten meniko mboten pareng cerek suloyo supadhos kawonthenan cacah tenterem adhem
ayem mati marem mesam mesem lan sumringah
mugi bingah
menawi mboten pithados kulo aturi minggat
sedhoyo ingkang ten mriki saget bertindak nekad
Mpun Mas mboten iso aten atenan bablas,,,
bablas menopo milih babak bundas
kok njenengan kendhel tenan menopo pun nduwe cekelan
kok wantun eyel eyelan menopo mpun ampuh tenan
Lho Lik o wadya bala kulo sampun sumadyo
macak aji gaman sami dipun hunus teng arso
menawi mekaten monggo sing ajeng ngendhiko
kulo ki ageng gantas mpun cekap atur wicoro
Rotra,,rojo pati,,Ki ageng bantas,,,Berantas Tuntas

ngelmu pring

pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol….
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol…. 2x


pring deling, tegese kendel lan eling…
kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing
pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg…
rejeki seret, rasah dha buneg
pring ori, urip iku mati….
kabeh sing urip mesti bakale mati
pring apus, urip iku lampus…..
dadi wong urip aja seneng apus-apus
pring petung, urip iku suwung….
sanajan suwung nanging aja padha bingung
pring wuluh, urip iku tuwuh…
aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh
pring cendani, urip iku wani…
wani ngadepi, aja mlayu marga wedi
pring kuning, urip iku eling….
wajib padha eling, eling marang Sing Peparing



pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol….
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol…. 2x



pring iku mung suket,
ning omah asale seka pring,
usuk seka pring,
cagak seka pring,
gedhek iku pring,
lincak uga pring,
kepang cetha pring,
tampare ya mung pring….
kalo, tampah, serok, asale seka pring….
pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring….
mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring…
jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring…

nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine…
wong urip kudu eling, iso urip seka pring
tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
mulane padha eling, elinga Sing Peparing….



pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol….
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol…. 2x



ora bakal bubrah marga iso melur…
kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
urip kuwi abot, ja digawe abot…
akeh repot, sak trek ora amot
mulane uripmu aja dha kaku….
melura, pasraha, ra sah dha nesu
aja mangu-mangu ning terus mlaku…
sanajan ro ngguyu aja lali wektu
kowe bakal bisa urip rekasa….
ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura…
marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa
aja nggresula, aja wedi
dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti….
ngatur urip lan mati,
nyukupi rejeki,
paring tentreming ati,
cukup sandang pangan papan,
bakal mukti pakarti….



pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol….
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol…. 2x


Jumat, 02 Desember 2011

cintamu sepahit topi miring

(Puisi asli oleh Sindhunata)

Reff:
Sengkuni leda-lede
mimpin baris ngarep dhewe
eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok
nong, (ee!) nong ji, nong ro (4x)

Senja di desa Baron
matahari tenggelam di dalam kemaron
Lembu betina lari melompat-lompat
dikejar-kejar anaknya yang kecil meloncat
Senja lucu dengan kasih sayang ibu dan anak
langit senja mengandung sapi beranak
terpesona Ranto melihat, ia tertawa bergelak
dan berubah jadi Ranto Gudel, sang pelawak

Andi Marmoyo, di panggung ketoprak
Ranto Gudel, meminum arak
Terendam di dalam ciu
birahinya berubah jadi biru
Diajaknya Nyai Dasima bercinta
dengan cinta sepahit Topi Miringnya
Layar dibuka, turun hujan gembukan
Dewi Mlenukgembuk datang
membawa seguling roti cakwe
Marmoyo rebah terguling tidur
di pangkuan Nyai Dasima
yang sekeras ciu cangkol buah dadanya

Ke mana Ranto Gudel pergi
panggung selalu harum dengan arak yang wangi
Di Sriwedari jadi petruk
Garengnya diajak mabuk
Bagongnya menggeloyor
Semar jualan ciu cangkol
Dengan terang lampu semprong
Pak Mloyo memukul kenong
nong ji, nong ro

kembali ke reff

Giginya ompong menggerong
Ranto Gudel Mendehem nyungsep
Thuyul gundhul ke sana sini mengempit gendul
gendruwo thela-thelo, tampak loyo
jrangkong jalannya miring-miring eh! dhoyong
Belum selesai menabuh
Nong ji, nong ro
Pak Mloyo terguling ke Bengawan Solo
dengan irama alunan nong ji, nong ro
Pak Mloyo pulang, jalannya geloyoran

kembali ke reff

Ranto Gudel minum arak bekonang
mengantar gadis pulang, berdandan bidan
roknya putih, bajunya putih
serba putih, lebih daripada peri
Tiba di pinggir kali
Ranto Gudel diajak belok ke kiri
Dhemit elek a'u tenan!
ngumpat Ranto Gudel geram
Ia marah terendam arak bekonang
hampir saja aku bercinta dengan setan
Cinta manusia seperti Umbul Penggung
dulu bening, sekarang keruh
Ranto Gudel dengan empat istrinya
tak pernah abadi cintanya

kembali ke reff

Memang enak jadi wedhus daripada manusia
bila mati, manusia dikubur di gundukan tanah
kepalanya dikencingi wedhus yang merumput
Nasib manusia, hanya sengsara, sampai akhirnya
mengapa kita, mesti bersusah?
Coba hiduplah seperti Joko Lelur
siangnya melamun me-minum limun
malam beranjak bangun, minum berminum
lapen ciu cangkol arak bekonang dituang
botol cangkol dipasangnya di setiap sudut rumah
apa guna 'tuk takut tikus-tikus rupanya
mengenang bayangan di masa tuanya
ciu cangkol hanyalah spiritus tuk ngusir tikus
padahal dulu ku meminumnya sampai lempus

kembali ke reff 2x